Ngaji Sastra Jawa: Ngupaya Nuwuhake Krenteg Ngudi Urubing Sastra Jawa
Endahe langgam Jawa kairing gamelan gadhon ngrenggani adicara Ngaji Sastra Jawa kanthi irah-rahan “Urip Urubing Kasusastran Jawi Gagrag Anyar”. Acara dikepyakake dening Prodi Pendidikan Bahasa Jawa STKIP PGRI Ponorogo, minangka reroncening kagiyatan rutin kampus yaiku Sekolah Literasi Gratis (SLG) II, mapan ing Graha Saraswati, Setu (2/7).
Katon regeng dening atusan pandherek saka guru MGMP SMP, SMA lan SMK sa-Kabupaten Ponorogo apadene para mahasiswa, adicara iki nduweni ancas nepungake para mahasiswa marang jagade kasusastran Jawa gagrag anyar satemah bisa nuwuhake krenteg ngasilake karya tundhone sastra Jawa bakal tetep lestari. “Para mahasiswa, utamane Prodi Pendidikan Bahasa Jawa lan para guru Bahasa Jawa kaajab padha semangat makarya nguri-uri ngiras ngasah potensi literasi. Apamaneh pamicarane pimpinan redaksi Jaya Baya, maestro cerkak lan presidhen gurit” ngendikane Dr. Sutejo, M.Hum, pangarsa STKIP PGRI Ponorogo, kang uga katelah Kampus Literasi.
Ing kalodhangan iku, pangarsa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa STKIP PGRI Ponorogo, Fitriana Kartika Sari, M.Pd. uga nambahi atur manawa kagiyatan Ngaji Sastra Jawa iki minangka pratandha limang warsa madege Prodi Pendidikan Bahasa Jawa ing kampus literasi. “Minangka siji-sijine PTS ing Jawa Timur sing nduweni Prodi Pendidikan Bahasa Jawa, kita tansah ngupaya nepungake sastra Jawa supaya padha rumangsa handarbeni sastra Jawa. Ing wasana bisa melu nguripake kasusastran Jawa kaajab rumangsa handarbeni sastra Jawa” pratelane dosen mudha kang asmane klebu pemenang 5 besar Sayembara Nulis Crita Bocah kang kagelar dening Sanggar Triwida taun 2020 kuwi.
Tembang “Niken Gandhini” murwakani pambukane adicara Ngaji Sastra Jawa. Katembangake dening Miya Aliful Lutfiana lan Pitrias Rahayu, mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa angkatan 2018 kanthi iringan gamelan gadhon “Parama Gangsa Diwangkara” kang diaturake dening Himpunan Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa. Tembang kuwi ngandhut rasa “Ponorogo banget” awit kandhutan cakepan lan iringane iki nate ngarumake jenenge Prodi Basa Jawa ing gelaran Temu Budaya Nusantara IMBASADI kaping 27 ing Universitas Sebelas Maret Surakarta taun 2021. Nalika iku, delegasi Prodi mimpang minangka juara II. Pasugatan banjur gumanti geguritan asesirah “Pepujiku” kang karipta dening Raja Gurit, uga pimpinan redaksi majalah Jaya Baya, Widodo Basuki.
Geguritan kang kasabawa dening Riska Nur Antika, mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa angkatan 2019 kasil ndudut manahe para rawuh lumebu ing jerone makna geguritan kang nabet, nganti netrane sang Raja Gurit kekembengan waspa. Atur pasugatan saka para mahasiswa iku dipapagake surak ambata rubuh saka para rawuh, uga gawe cingak para pamicara kang katon karenan marang semangate pra mudha nggilut budaya Jawa. Dr. Sutejo, M.Hum minangka Ketua STKIP PGRI Ponorogo banjur paring pangandikan pambukaning adicara. Ing kalodhangan iku, panjenengane ngajab supaya para rawuh, mligine para mahasiswa bisa nuladha proses kreatif para pamicara lan enggal gumregah ngasilake karya. “Ukume wajib gawe karya. Mahasiswa Basa Jawa wajib nulis ing majalah basa Jawa, yen ora nulis bakal kena dosa ‘ain” guyone pangarsa kampus kang antuk pangaji-aji beritajatim Award ing bidang literasi taun 2021 kuwi.
Tumapake adicara inti dipandhegani dening Suroto Rosyd Setyanto, M.Hum. minangka moderator. Dosen Prodi Pendidikan Bahasa Jawa iku nuli nepungake siji mbaka siji pamicara pinunjul kang bakal mbabar kawruh magepokan proses kreatif nalika ambyur ing jagading kasusastran Jawa. Pamicara kaping sepisan yaiku Dr. Suharmono Kasiyun, M.Pd. Dosen Universitas Nahdlatul Ulama Surabaya kang uga panggilut sastra Jawa. Sastrawan asli Ponorogo iku miwiti mbabar kawruh kanthi nyritakake lelakon uripe ing Bumi Reog.
“Lelakon urip lan kaanan lingkungan nduweni pangaribawa kang gedhe tumrap proses kreatif pangripta uga karya-karyane”, ngendikane pamengku pangaji-aji Rancage ing taun 1999 lan ing taun 2018 kuwi. Saka lelakon-lelakon urip iku, panjenengane ngripta maneka cerkak lan novel Jawa. Ing antarane prastawa paprangan antarane Indonesia lan Malaysia nuwuhake cerkak “Tatu-Tatu Lawas” kang mimpang dadi juara 1 ing lomba nulis cerkak Pusat Kesenian Jawa Tengah taun 1977.
Banjur prastawa geger PKI 1965 ing Ponorogo nalika panjenengane isih timur kang kawimbuhan hama tikus, larang pangan lan penangkapan, njalari kariptane novel “Den Bagus” lan kasil mimpang minangka juara harapan ing Sayembara Penulisan Novel Dewan Kesenian Jakarta. Prastawa nglarani ati nalika inapakraman ing panggonane mergawe nuwuhake novel Pupus kang Pepes lan kasil entuk pangaji-aji Rancage taun 1999. Karyane asesirah “Kakang Kawah Adhi Ari-ari” antuk pangaji-aji Rancage ing taun 2018.
Keplok mbata rubuh kaprungu maneh nalika pamicara kaping pindho wiwit ngalungake syal kanthi gayane kang nyentrik banjur macakake gurite. Aming Aminoedhin, presidhen gurit Jawa Timur wiwit ngobong semangate para rawuh supaya ora gampang nglokro nggilut sastra Jawa. “Nuwuhake krenteg nulis sastra Jawa pancen rada angel. Mula tekaku sakanca ngupaya nyebar virus sastra, ngajak nulis sastra Jawa supaya budaya Jawa ora cures. Manawa kagatekake, karya sastra Jawa ngandhut pitutur ngenani luhuring kabudayan Jawa. Basa Jawa uga seje karo basa liyane amarga sugihe tetembungane. Aku sing panggilut sastra Indonesia wae kepranan marang sastra Jawa banjur melu nggurit prasaja. Yen ora awake dhewe sing wong Jawa iki, sapa maneh?”pratelane. Sastrawan kang antuk jejuluk presidhen penyair Jawa Timur saka Profesor Suripan Sadi Hutomo kuwi uga nelakake manawa sajrone nulis sastra Jawa ora kudu nganggo basa ndakik-ndakik, bakune tetep nggatekake pilihan tembung kang mentes lan uga nggatekake kandhutan pitutur luhur. Luwih-luwih ing jaman modheren, kirim naskah mung paitan klik, ora prelu susah-susah ngirim lumantar pos.
“Raja Gurit”, Widodo Basuki murwakani babaran proses kreatif lumantar Dhandhanggula Gresikan banjur ngajak para rawuh supaya nyenggaki. Sawise nembang, panjenengane banjur maosake geguritan sinambi paring pamawas manawa trademark gurit reriptane cinipta saka leburing prastawa kawuri lan prastawa saiki. “Salah sawijine tuladha yaiku gurit Kucing Ireng lan Lakon Senopati kang padha dene nyritakake rebut wibawa antarane kucing ireng lan kembang telon candramawa ing jaman saiki lan rebut wibawa ing lakon Senopati lan Ki Ageng Mangir ing jaman kawuri” ngendikane pamengku pangaji-aji Rancage taun 2000 kuwi.
Seje karo para pamicara sadurunge, sang Raja Gurit jebul weton pawiyatan seni rupa. Mula ora aeng nalika mbabar proses kreatif, panjenengane katon nengenake intuisi kadidene ahli sungging. Panjenengane ngandharake manawa ing sakupenge dhiri kebak dening sinyal-sinyal kang tundhone bisa dadi “wisik”. Wose, ide nulis bisa tuwuh saka prastawa prasaja kang dumadi saben dina sing jebul bisa gawe geter jiwa. Supaya karya tansah mbanyu mili, butuh landheping pangrasa nalika nampa lan ngracik prastawa dadi karya.
Sastrawan pamengku Anugrah Sutasoma 2021 minangka sastrawan berdedikasi kuwi uga ngandharake daya linuwihe teks sastra Jawa, yaiku sanajan ora mudheng tegese nanging bisa nothog rasa.
Graha Saraswati tansaya gayeng regeng nalika para rawuh padha dana gurit. Gurit kapisan kasabawa dening Cak Tohir Jokasmo, legenda panggung Srimulat sarwa bisa kang isih tekun nggilut jagad teater. Istimewane, gurit kang kasabawa mujudake sempalan gurite Dr. Harmono Kasiyun kang kagathukake karo gurite sang Raja Gurit, Widodo Basuki. Sang Raja Gurit banjur menyat ngiringi geguritane Cak Tohir mawa gender. Gurit banjur kasambung dening Agus R. Subagyo, seniman Nganjuk kang yasa Sanggar Rumah Ilalang kanggo sinau teater, sastra, tari lan lukis. Seniman kang kondhang kanthi jejuluk Mbah Rego kuwi ngaturake geguritane Widodo Basuki asesirah “Banjir ing Tanah Klairan”. Ora kanyana, geguritan kaping telu kasabawa dening Dr. Sutejo, M.Hum. kang gawe sengsem lumantar geguritan reriptane Aming Aminoedhin kang ngemot kritik sosial.
Ngaji Sastra Jawa kang kapisan lumaku kanthi rancag lan kebak pangalembana saka para pamicara uga para rawuh. Tri pamicara ngajab supaya STKIP PGRI Ponorogo minangka siji-sijine PTS sing nduwe Prodi Pendidikan Bahasa Jawa tansah semangat ngudi urubing sastra lan budaya Jawa. Para mudha sutresna budaya Jawa kang kepengin ngudi kawruh babagan basa lan sastra Jawa kaajab aja tidha-tidha nutugake laku menyang Prodi Pendidikan Bahasa Jawa STKIP PGRI Ponorogo.
Sumber Berita: Majalah Jaya Baya